Jumat, 08 Januari 2016

Cerpen bahasa jawa

0 Comments

Adhi Kelasku Ilang
Wis genep seminggu sila lan kanca kanca ora sinau ana ing sekolah,amarga prei ba’da tes semester gasal tanggal 10 tekan tanggal 15 Desember 2007 lan prei diwiwiti tanggal 24 Desember.
Awan arep sore iki langite slimutan awan kang rupane ireng. Surya ndelek ora ngetokake eseme . wong wong padha cekat ceket mulungi pemean kang ana ing ngarep omah. Ora let suwe, udan padha tumiba ngguyur omah omah ana sekitare.”Sareng mas”, omongane Sila marang Dicky menyang sekolah kanggo melu mabit (Malam Bina Iman dan Taqwa). Gandheng udan nggrejih, Sila ditinggal Dicky, wedi ndak malah klebus kabeh, ngerti kaya mengkono Sila ngrasa kecuwo mbanget. Sila kudu ngenteni kol sing durung mesthi ana.
Udan saya nggrejih, kol sing dienteni ora njedul njedul , ana pisan ora gelem mandhek, ora ngerty apa sebabe. Atine Sila tambah dongkol, “Ah, timbang nesu nesu dhewe, mendhing aku shalat Ashar”. Sawise wudhu Sila banjur ngenggo rukuh kang mau wis dilebokake tas. “Allahu Akbar”, Sila ngwiwiti sholate. “Eh iki jam piro?wis Ashar durung ya?”sawise takbiratul ikhram, Sila malah nggunem ana ati. “Tiliki dikik ah”...”Wah hayo durung Ashar nah gek jam loro punjul sithik”, mandang wis niliki jam, Sila ora sido shalat nanging bali meneh nunggu kol.
Banyuning udan kang tumibo ora uwis uwis dadi panyeksaan, slimute langit kang saya ireng dadi kanca, suwene nunggu angkot sing arahe ngalor ora mandang katon. Kol biru ijo sing di arep arep akhire njedul saka siseh kidul dusun. Atine Sila rada plong, alias lega.
Saya adoh mlakune montor saka omah, saya kepenak ati lan pikirane Sila. Roda kol terus mubeng, nglakokake kol kang ing njerone ana Sila. Tekan dusun sesiseh tumibane banyu udan saya sethithik, nanging napa ya Sila malah dadi dongkol?, jebul kol mau teko teko mandhek.





“Wis meh jam siji, awak dhewe tep ora bisa turu, kene crito wae ben ora ngantuk” omonge Tini salah siji panitia.
Jam 01.00. peserta Mabit padha digugah lan padha dikumpulake ana mushola. Peserta dikumpulake disik sak durunge wade game diwiwiti.
“Widi..”ngendikane Pak Azro marang peserta Mabit kelas pitu. “Widi...,Widi ana ra?”.
“ Dereng wonten pak, kala wau pamit badhe mendhet pulpen” jawabe Wati, kanca sak kelompoke Widi.
“Karo sopo?” Pak Azro nyuwun pirsa.
“Kiambak”
“Ha....a  a... Innalilahi wa innailaihi raji’un” Sany ocah kelas 9 nyaut jawabe Wati.
“Lho kok ditinggal dhewe? Kana diparani!” Dhawuhe Pak Azro marang kanca sak kelompoke Widi.
Let sak untara...
“Mboten wonten Pak, teng kelas, toilet, teng pak Zainal nggih mboten wonten “ omonge Wati.
“O’o... tenan pora?” ngendikane Pak Azro.
“Nggih pak”
“Ya wis saiki padha meneng, teka acarane diterusake, mengko ben aku karo Pak Hamad nggoleki Widi, saiki padha Dzikir. Aja nganti lali karo sing kuwasa, karena aku wedi bakal ana apa apa, terus nek ana apa apa piye aku lek ngomong marang wong tuamu?” ngendikane Pak Azro.
“ADHI KELASKU ILANG”
Akhire acara teka diterusake sanajan ana rasa wedi. Ananging krungu lan weruh kaya mengkono Sila malah mesam mesem, Dheweke geli weruh ekspresine Pak Azro lan Pak Hamad sing keno banget diwaca. Kaya kaya ana sing diumpetake. Sanadyan geli Sila tetep nyoba ben ora ngguyu, utawa mesam mesem, amarga ngira ira menawa Widi mung diumpetake.
“Eh aja ngguyu, aja ngguyu, mengko ndak tenanan malah payah to?” Omonge Sila ing ati kanggo awake dhewe.

Persiapan wis rampung, wade game akhire diwiwiti, panitia panitia padha njaga pose dhewe dhewe. Pose Sila sing ditunggu karo sabrina rampung ndisik dhewe. Bocah loro kuwi nduwe inisiatif nggoleki Widi ngubengi sekolah. Kabeh nggon ditekani. Tekan daleme Pak Zainal sing ana ing njero sekolah...
“Pak dititipi bocah?”pitakone Sila marang Pak Zainal.
“Bocah sopo?”
“Widi”
“Ora ngerti”
O...nggih sampun matur nuwun pak”
“Mbak, paling nang kopsis, kopsis lak lampune urip” omonge Sabrina”Masak?karo sopo?Kantor kae yo urip, paling nang njero kantor, ndak ora yo nang daleme Pak Hamad, kan cedhak karo kene.” Jawabe Sila
“tiliki wae yo nang kantor” Ajake Sila
“yo”
Sila ndhodog lawang lan mbukak, nanging ana Pak Hamad sing lagi serius mirsani TV,Sila lan Sabrina ora wani mlebu mlebu.” Nuwun pak”Kabeh kelompok sing melu wade game wis rampung anggone nglakoni tugas sing diwenehi panitia. Kabeh peserta kumpul ana lapangan basket. Ana kono peserta diwenehi arahan kanggon jadwal sing arep dilakoni. Ing wektu kui Pak Azro ndawuhi peserta lan panitia supaya bantu nnggoleki pak Widi. Akeh peserta sing melu mbantu nggoleki nanging ya ana sing amarga kesel ora melu nggoleki.
“Eh nang kelas wae yo! Kesel je, paling lakyo mung diumpetke to?” Ajake Sila marang sabrina. Barang tekan kelas,” Eh Sil biyen pas masne awak dhewe lak yo rung tau ana kejadian kaya ngene to?” Omonge Indri bocah kelas VIII.
“Halah teko tenang, mbiyen ki lak pak Azro wes tau arep nganakke culik culikan kaya ngene to?” Jawabe Sila.
“Hayo ning medeni jew...nak tenanan?” saute Lia.
“Mbak, tahajud ra?tahajud yo!” sabrina ngajak Sila shalat.
“yo ning sik, sedelok,sikile iseh pegel banget”

       Sabrina, Sila lan kanca kanca sing iseh kuat melek lan mlaku menyang Mushola kanggo melu sholat tahajud lan renungan malam. Sila melu sholat tahajud lan witir nanging ora melu renungan malam amarganmalah keblabasen merem (Bobok lho, senes sanesipun) teka subuh. Sak wise sholat subuh kabeh peserta diwenehi wektu kanggo istirahat. Kabeh padha kesel apa meneh panitia sing melu nyiapake wade game. Sak wise padha olahraga, reresik awak lan sarapan, peserta lan panitia padha kumpul ana mushola kanggo sholat dhuha lan nggenepi jadwal ora kejaba Widi, Widi yo melu, nanging ditakoki apa apa durung gelem jawab. Ing kono yo ana omong omong sante peserta lan pembinane, yaiku Pak Azro lan Pak Hamad. Pak Azro ngendika yen Widi mung diculik Pak Azro lan Pak Hamad, malah sesuk menawa arep nganakke culik culikan arep nyembelih wedus utawa sapi ndisik???
“Wuuu...Pak Azro ki” sorake peserta krungu kaya mangkono.
“Wah jannn, asem kok jebul mung diapusi, nek aku dadi sutradara film we pak Azro sing kapisan bakal tak pileh dadi aktore! Asem tenan kok...”Sany nggunem nang ngarepe kanca kanca.
“Wah aku duwe guru kok gowkil wabiesss to ya???”(+_+)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
back to top